Gajah, Sapi dan Kulkas

Ayo Ketawa! - Anak ambek Bapak

Anak : "Pak, yo opo carane nglebokno Gajah nang njero kulkas ?"
Bapak : "Yo gak iso Le...... Gajah kok dilebokbo kulkas"

Anak : "Owalah Bapakku, cuma ngunu ae gak iso..."
Bapak : "La, Koen iso ta nglebokno Gajah nang njero kulkas ? Yo opo.....?

Anak : "Yo gampil Pak. Carane, Gajahe dicekel.., lawang kulkase dibuka.., trus Gajahe dilebokno. Tutup lawang kulkase. Wiss....."
Bapak : "Eealaaaaahh. Sempal utekmu, Nak. Ngunu tok tah......????"

Anak: Yo ngunu, carane nglebokno gajah nang kulkas. Maneh yo pak.. Saiki yoopo carane nglebokno sapi nang jero kulkas.. ??
Bapak : "Hahahaha......Bed'ekanmu tak jawab ambek kayang, yo.. Gampang.. Sapine dicekel, lawang kulkase dibuka, trus Sapine langsung dilebokno, tutupp lawang kulkasee.. yo kan.... ???"

Anak : "Hahaha.......Sampean atik kayang barang. Salah, pakk. Gak isooo... !"
Bapak : "Lohh... Kok gak iso ??"

Anak : "Iyo. Kan sik ono Gajah nang jero kulkas. Dadi kulkase dibuka, Gajahe ditokno disek, nek wis.. Sapine dicekel, dilebokno kulkas, trus ditutup."
Bapak : "Eaalaaah. Nurut sopo kon Naaaaak....?

Anak : "Terusno yo pak.. Saiki, nek balapan mlayu, Gajah mungsuh Sapi, sopo sing tekan finish disek.... ???"
Bapak : "Yo sapiiiii......"

Anak : "Sampean njawab banterr, tapi salah.. Yo cepet Gajah sing finish, Pak....!"
Bapak : "Beghh.....! Kok iso Le.....??"

Anak : "La Sapine kan sik nang jero kulkas. Durung ditokno..."
Bapak : "Karepmu, Lee.....!!!"

Anak : "La kok mangkel. Ojo mangkelan taa. Sepisan maneh pak....."
Bapak : "Ono maneh.....??"

Anak : "Yo opo carane nimbang, supoyo bapake Gajah karo anake Gajah, abote podo....??"
Bapak : "Kon ngarang ae. Bapake Gajah mesti luwih gede teko anakke.. Nek luwih gede, yo luwih abot...."

Anak : "Yo ngunu nek waton njeplak, gak dipikir. Padahal gampang"
Bapak : Yo opo ..??

Anak : "Kari di photo ae Bapake, Gajah diphoto, anake Gajah yo di photo..... Pas Photo ukuran 4 x 6.. Trus ditimbang.. Podokaaaaaaan......?"..
Bapak : (garuk garuk cagak omah, gregeten)

Anak : "Pak....."
Bapak : "Opo...... ?"

Anak : "Nek Gajah karo Sapi nglamar kerjo, sopo sing diterimo......??"
Bapak : "Mbuh.....!"

Anak : "Sampean tak kandani ae.......Sing diterimo kerjo Gajah, pak......!."
Bapak : "Kok iso.. ...???"

Anak : "Lamaran Gajah lengkap, ono pas photone. Sapi gak ono photoe.. Soale sik nang njero kulkas..... Pak.....?.. Pak... ? Bapaaaaaak......."
BAPAK : "Mboooh.....!!!!" (www.ayoketawa.com)