Gandule Mat Pithi Katut Ilang

Ayo Ketawa! - Mat Pithi ambek bojone moro nang nggone dukun sing kondang sektine, njaluk sarat supoyo biso cepet sugih. Karo dukune Mat Pithi diwehi kerikil cacahe telu, jare pak dukun “Mengko yen wis tekan ngomah, opo penjalukmu sambi mbanting kerikil kuwi bakal dikabulno”.

Tekan ngomah Mat Pithi njupuk kerikil siji, sambi siap mbanting kerikil ngomong karo bojone “Aku pengin montor bene gampang nek katene lunga”.
Bojone ngalang-alangi “Ojo montor, njaluko omah ae, wong omahe iki wis katene rubuh”.

Akhire Mat Pithi udreg-udregan karo bojone, Saropah “montor”, “omah”, “montor”, “omah”……..

Sangking mangkele Mat Pithi mbanting kerikile karo misuh “anu….”.

Bener temenan sak awake Mat Pithi metu anune. Mat Pithi bingung terus njupuk kerikil siji maneh terus dibanting sambi ngucap “Anune ilango kabeh”.

Sank-aliko anune pancen ilang…nanging jebule anune Mat Pithi sing asli yo melu ilang.

Akhire kerikil sing gari siji di-nggo mbalekno anune Mat Pithi sing asli, dadi Mat Pithi gak sido sugih. (www.ayoketawa.com)