Jon Compong Saiki Ingsap Dadi Ustad

Ayo Ketawa! - Luar biasa, ajib, gawe oreg!, Jon Compong saiki dadi ustad. Bocah kelakuane badeg nemen, saiki ingsap dadi ustad. Dudu mung ustad kampung, tapi ustad sing ceramaeh dari kampus ke kampus. Penthol nemen. Jamaaeh sing akeh mahasiswa-mahasiswi.

Tapi ya kuwe, asline compong, dadi ustad dong ceramah kadangan tesih metu compong-componge. Adong ditakoni masalah hukum Islam, jawabane sering nemen ngawage por-poran.

Dina wingi, critane Ustad Jon Compong dikongkon ceramah neng aula kampus. Neng ngarepe mahasiswa-mahasiswi. Monah, bojone Jon, ya melu ngaji. Barang wis ngisi pengajian bab perkimpoian. Mahasiswa garo mahasiswi sing arane Umi, Tarno, Bambang, garo Dalban pada takon maring ustad Jon Compong.

Umi : "Assalaamu’alaikum Pak Ustad Jon Compong"
Jon : "Ngalaikum salam"

Umi : "Apa hukume nikah garo mahasiswa sing esih lagi kuliah?"
Jon : "Hukume makruh Nok. Luwih apik kuliaeh endah pragat tuli. Utawane pas jam istrirahat tembe nikah. Endah ora ngganggu mahasiswa liane garo dosen..."

Tarno : "Pak ustad, apa hukume kimpoi garo mahasiswi sakampus?"
Jon : "Hukume haram owh ! Paling akeh nikaih wong wadon papat. Adong wong wadon sakampus dikimpoi kabeh. Liane pan uman apa? Jelas haram hukume. Aja serakah Mas !"

Bambang : "Pak Ustad Jon, apa hukume nikah mahasiswa sing soleh?"
Jon : "Iiiz ! haram owh ! Ente wong lanang loken pan ngawini wong lanang? Haram nemen! Luru wong wadon sing gelem dinikah bae pirang-pirang kaaa..! guwe arane homoseks. Homoseks jelas haram!"

Dalban : "Pak Ustad, apa hukume nikah garo mahasiswi wadon sing nganggo jilbab coklat. Kae sing njagong neng pojok"
Jon : "Harrraaaaam ! nikah karo mahaisiswi kuwe dosa, tur harraaaam kuwe !!!"

Dalban : "Si bisane haram pak ustad?!"
Jon : "Soale, pan tek nikahi enyooong, pan nggo bojo enooom, paham ?!!!"

Dalban : "Oowh ! ente ustad compong !!!" (www.ayoketawa.com)