Nginep Neng Hotel Pas Listrik Mati

Ayo Ketawa! - Parjo, Jono karo Tarjo dolan meng Jakarta. Wong 3 kui nginep neng Hotel JW Marriot, Kamar e wong 3 kui ono neng tingkat 45. Awan nganti bengi wong 3 kui dolan neng Mall, pas balek hotel, tekan Lobby ngerti-ngerti listrike mati!

Lift e yo mati, dadi wong 3 kui kudu lewat tangga tekan kamare. Nah, ben ora kroso munggah tekan tingkat 45, wong 3 kui bagi tugas. Seko tingkat 1- 15, Parjo kudu crito sing lucu-lucu, njur tingkat 16 -30, Jono kudu crito sing medeni, lah tingkat 31- 45, Tarjo kudu crito sing sedih-sedih.

Wong 3 kui mulai nunggah, parjo mulai crito sing lucu-lucu, marake wong 3 kui ngguyu-ngguyu gawe ra kroso wis tekan tingkat 15. Banjur Jono crito sing medeni marai tegang, ngerti-ngerti wong 3 kui wis tekan tingkat 30. Ra perduli sikile do abuh, mergo seneng wong 3 kui wis cedak kamare. Giliran Tarjo kudu crito.

Tarjo (ekspresi rupo sedih) : "Sakjane seko mau aku arep crito, tapi wedi nek marai jengkel."
Parjo : "Crito wae cepet, wis meh tekan tingkat 40 kii..."

Tarjo : "Ngene lho... Kunci kamare ketinggalan neng mobil..."
Jono : "Waahh Tarjooo, ngopo ra crito ket mau?"

Tarjo : "Lha aku durung entuk giliran crito...!!!" (www.ayoketawa.com)