Cerita Jawa Lucu : Layang Kagem Bejo

Ayo Ketawa! - Bejo iku dadi tahanan ndek suroboyo amergo dikira melu komplotane teroris. Slamet bapake bejo langsung ngirimi layang kanggo bejo. Menika isi layange :

“Jo, bapakmu iki wes sepuh, tur ringkih ditambah sedih mikirne awakmu. Saiki wes usume nandur telo le, awakmu isek ditahan to? Njur sopo seng kate ngrewangi bapak macul neng kebon?”

Kacek seminggu banjur bejo mbales layang saking bapake. Anggone ngirim layang bejo nitipne nang sipir penjarane.

“Pak, tulung layang iki kekne bapakku. Sakdurunge aku njaluk tulung kebone ojo di paculi disik, soale aku mendem bedil karo granat ning kebon kuwi pak. Temenan ya pak ojo dipaculi disik” Jare bejo.

Bejo sing pinter iku akhire iso ngelabuhi sipir. surate disensor karo sipir penjara.

Semiinggu sak bare iku, layange slamet teko maneh.

“Jo, sakbar e aku nampa layangmu, sak peleton Densus anti terror langsung maculi kebone bapak. Jarene kate nggolek bedil karo granat sing dipendem, trus aku kudu piye jo. Nyatane bedil karo granate gak onok”

Bejo langsung mbales layang saking bapak e.

“Bapak, kulo ingkang ngomongi nek ndek kebon onok granat. Jenengan langsung tanduri telo mawon. Kan sampun dipaculi kaleh densus. Mboten kesupen ngaturaken matur nuwun marang bapak-bapak densus, mugo-mugo angsal piwales saking Gusti Allah” (www.ayoketawa.com)