Kesimpulane Uteke Pak Guru Tidak Ada

Ayo Ketawa! - Cerita lucu kiye cerita tentang guru sing mulang anak muride. Murid-muride kuwe pada bandel kabeh.

Guru : "Selamat pagi anak-anak!"
Bedul : "Pak guru, nyong kye wis gede masa diundange anak-anak bae?"

Guru : "Wis karep, cangkem cangkeme enyong.."
Gaper : "Tak jawab wis, selamat pagi pak guru sing paling ganteng sak longan meja!"

Guru : "Nggal nyong mulang, mesti dinyek mesti dinyek. Tapi ya ora papa wis nyong ta ikhlas yakin sing penting digajih saben wulan ora ketang mangane lawuh kempong mboran. Baiklah, saiki nyong pan absen ndhisit oh nggo pepek-pepek. Bedul esih urip ora?"

Bedul : "Esih pak!"

Guru : "Wis cukup siji bae wong sing mangkat be pirang iji tok. Yen nyong sing mulang bocah sing manjing ya paling banter loro, kiye mending ana telu..."
Gaper : "Pak guru, pan takon olih ora?"

Guru : "Berhubung kowen dina kiya manjing, silakan!"
Gaper : "Bojone esih urip ora?"

Guru : "Tak ijina takon koh pitakone ora nggenah.."
Gaper : "Lah sih kudune kepriben? Masa nyong kudu takon anake wis pada mati durung?"

Guru : "Wis ora susah takon! Sebenere nyong kiye pengin nempiling-nempiling kowen kabeh, tapi wedi mbokan ditangkep polisi. Latane pak guru mlebu TV dadi artis penjara. Wislah. Saiki nyong pan mulang tentang logika bahwa setan itu tidak ada. Bedul,,!!? nyong pan takon karo kowen, kowen pernah weruh setan?"

Bedul : "Ora, pak guru pan apa? Pan luruh setan?"

Guru : "Saiki kowen, Per. Kowen pernah krungu suarane setan?"
Gaper : "Ora, ora pernah yakin! Pak guru pan nelpon setan? Maaf pak, nyong yakin seribu persen yakin, nyong ora duwe nomere setan. Pesbuk karo Twittere setan be laka sing ngarti.

Guru: "Saiki kowen, Jon! Kowen pernah nyekel setan?"
Si jon: "Sorry yah, setan dicekeli. Yen nyekel tembelek ta pernah."

Guru : "Dari jawabane kowen-kowen kabeh, pak guru bisa narik keimpulan. Kowen ora pernah weruh setan, krungu suarane lan nyekel setan. Yen dilogika, berarti kesimpulane setan kuwe laka!"

Bedul : "Wagu jigu sega mambu lawuh tahu! Yen nggawe kesimpulan ngawag nemen! Saiki nyong pan takon karo sampeyan sing mulang. Sampeyan pernah weruh uteke (utek=otak) sampeyan?"

Guru : "Ya ora, wong ana ing jerone endas.
Bedul : "Trus pak guru pernah krungu suarane uteke pak guru ora?"

Guru : "Ya ora, utek ta neng ora ngetokena suara oh!"
Bedul : "Mengko ndisit, sampeyan ora usah ribut! Pertanyaan terakhir, pak guru pernah nyekel uteke pak guru?"

Guru : "Ora bisa, kecuali dibedah."
Bedul: "Sesuai dengan apa yang diomongkan pak guru mau, pak guru ora pernah weruh, krungu suarane lan nyekel uteke pak guru. Berarti yen dilogika bisa digawe kesimpulane bahwa uteke pak guru tidak ada! Setuju ora pak guru?"

. Guru : "Iya juga yah! Pinter kowen, Dul..!! Pancen bandel kabeh murid-muride pak guru kuwe. Yen dadi murid, aja nganti tiru-tiru karo kelakuane si Bedul, Gaper lan Si jon.."

Hahahahaha.. (www.ayoketawa.com)