Maryatun Pingin Pisahan Karo Bojo

Ayo Ketawa! - Hakim : "Sampean wes mantep pingin pisahan karo bojo?"
Maryatun : "Sampun pak hakim"

Hakim : "Nggak nyesel ??"
Maryatun : "Mboten pak, kulo sampun mboten kiat nglakoni. sinten sing kiat rumah tangga menawi saben dinten bojo kluyuran teng Diskotik, blusukan teng dugeman, lan dateng hotel pak hakim..."

Hakim : "Lha bojomu opo seneng mabuk-mabukan ??
Maryatun : "Mboten pak hakim"

Hakim : "Opo bojomu seneng dugem ?? clubing ??? utowo maen wedok an ??"
Maryatun : "Mboten pak hakim"

Hakim : "Lha trus opo'o bojomu kok nang dugeman diskotik gunu iku ???"
Maryatun : "Madosi kulo pak hakim. Kulo kan isin kalih konco-konco lan langganan sing mbooking kulo........."

"KLOTAAKK........... !!!!!", Palune hakim disawatno neng ndhias e MARYATUN.

Ancene koen dewe seng ediiiaaaan... Tun...!!!!! Maryatun....!!!! Kurang sajen!!! (www.ayoketawa.com)