Jane Bis e Iki Wes Kebak Opo Piye? Nangkana, nangkana, nangkana!

Ayo Ketawa! - Petruk entuk bonus akeh soko bos e. Duite terus digunakne nggo liburan ning Bandung. Pas transit ning Terminal Sumedang, Petruk ganti bis anyar. Wes mlebu bis anyar trus lungguh, ana wong lanang mlebu trus bengok-bengok.

"Nangkana, nangkana, nangkana..."

Petruk ngirone wong iki kondektur bus e. Dheweke trus pindah panggonan mergo dikon karo wong lanang mau.

"Nangkana, nangkana, nangkana," bengok wong anyar mau.

Petruk sing bingung ngirone panggonane wes dipesen uwong. Akhire dheweke pindah panggonan ning mburi dhewe.

"Nangkana, nangkana, nangkana," omong e wong lanang iku maneh. Petruk sing mangkel trus takon karo bapake iku.

"Pak, aku iki wes pindah-pindah nggon isih mbok kon pindah ae. Jane bis e iki wes kebak opo piye?" takon Petruk.

"Lho, Mas. Ngomong apa ya? Mau nangka?" jawabe wong lanang kuwi karo nyodorke bungkusan plastik bening isi buah nangka.

"Nggak, Pak. Terima kasih. Saya yang salah," jawab Petruk karo ngempet isin. (www.ayoketawa.com)